Nyemak Teks Pacelathon - Bahasa Jawa



Wacanen teks pacelathon ing ngisor iki kanthi premati!

Pak Ageng : "Kula nuwun."


Wulandari : "Mangga... Iho Pakdhe Ageng, mangga pinarak."


Pak Ageng : "Iya, Ndhuk. Matur nuwun."

Wulandari : "Dipunsekecakaken nggih, Pakdhe. Kula damelaken unjukan rumiyin."

Pak Ageng : "Wis, Ndhu, ora usah repot-repot. Pakdhe mung sadhela."

Wulandari : "Oh inggih, Pakdhe. Wonten dhawuh punapa?"

Pak Ageng : "Lha kok sepi, Bapak Ibumu ana ngendi?"

Wulandari : "Bapak tuwin Ibu nembe kumbakarnan wonten dalemipun Pak Bayan. Lha, nopo kula matur Bapak rumiyin kersanipun kondur?"

Pak Ageng : "Wah, ya aja, mengko mundhak ora kepenak karo liyane. Wulan, daksawang kowe kok ya sajake arep ana perlu?"

Wulandari : "Inggih, badhe rapat karang taruna, nanging boten kesesa kok, Pakdhe. Wong kula nggih namung seksi humas dados boten patiya penting."

Pak Ageng : "Lho, aja ngono, Ndhuk. Sing jenenge organisasi iku disengkuyung bareng-bareng anggota lan kabeh pengurus, lan kabeh iku penting."

Wulandari : "Oh, mekaten nggih, Pakdhe. Lha tugas kula namung wara-wari kaliyan ngajak ajak menawi wonten kagiyatan, dados radi telat boten napa-napa."

Pak Ageng : "Ndhuk, anggonmu rapat mengko mlaku apa piye?"

Wulandari : "Kula ngagem sepeda mawon, Pakdhe. Lha wonten punapa?"

Pak Ageng : "Pit sing arep kotumpaki mengko kuwi ana pirang-pirang perangan, iya ta?"

Wulandari : "Inggih, wonten rem, rante, ban, sadhel, lan sapiturutipun."

Pak Ageng : "Bener, aja duwe panemu yen rem kuwi luwih penting tinimbang roda. Dop sing kanggo dalan angin kae sanadyan cilik lan kerep ora ketok, nanging nek ora ana ya ora bisa mlaku."

Wulandari : "Oh, dados sanadyan dados seksi punapa kemawon wonten organisasi punika penting, nggih, Pakdhe."

Pak Ageng : "Nah, bener. Dadi gek kana enggal mangkat rapat! Pakdhe dakpamit dhisik, sesuk sore bae dakmrene maneh."

Wulandari : "Oh inggih, Pakdhe. Lha wonten ingkang saged kula aturaken Bapak Ibu?"

Pak Ageng : "Matura Bapak lan Ibu yen Pakdhe arep ngajak menyang Solo."

Wulandari : "Inggih, Pakdhe. Mangkè kula aturaken."